[MISSION] Awas Roaming...!!! [Repost]
RM Ronggowarsito
Misi Senior Journalist, tolong 25 comments yah....maturnuwun..
🙂
Susahnya cari pekerjaan....
G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, catting terus
G : Kowe nduwe motor opo ora....?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
c : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
c : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
G : Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
G : Ra ketompo.....
d : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
d : Lho kok......
G : Engko kowé gaweane mung update status sing lucu lucu
G : Kowé mau mréné numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung nunut, kok
G : Tambah ora ketompo
e : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné nunut mobil kantor. Ngrusuhi!
G : Anakmu akèh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora tenanan, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
h : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
k : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
k : Wo, sekedhik2 sampun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
G : Kowé biso main Internét ?
n : mBoten
G : Kowé ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa
G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
o : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
o : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan........
Comments
ahahaha
crot
tldr
http://www.erepublik.com/en/article/dear-djakarta-bertahan-hidup-2443308/1/20
komen balik dong
read 🙂
nitip lapak bro/sis
http://www.erepublik.com/id/article/-misi-kapan-perang-boss--2444797/1/20
bantu komen bro/sist 😛
pokoknya .donut
gak paham T_T
Wkwkwkwkwk...gendeng mangan semir...
asuuuu..! postingane gateli...! 😃
haha. ndase
Trebam još 5 komentara:
http://www.erepublik.com/sl/article/ka-e-plato-moram-da-te-gnjavim-2441990/1/20
bantu komen aja dah
wkwkw..suwung boy iki, wkwkw
Bos'e nggaplek'i. hahahaha
16, yo ora ketompo
O7
Aku rapopo Aku rapopo Aku rapopo~
lanjut ke
http://www.erepublik.com/en/article/makanan-yang-harus-dihindari-sebelum-bercinta--2442754/1/20
http://www.erepublik.com/en/article/8-fakta-tentang-orang-gila-2441114/1/20
buka sitik joss
21
Nonton XXX
😃😃😃... lutju buanged. 😛
Komeng is done...
pls help my mission, jgn lupa di poted 🙂 gratitude.
http://www.erepublik.com/en/article/-misi-de-crumb-story-part-1--2444893/1/20
O7
http://www.erepublik.com/en/article/misi--2442133/1/20
wew, udh 25 tp kok ga kelar2...
http://www.erepublik.com/en/article/pirate-parrot-2446765/1/20
http://www.erepublik.com/en/article/taadaaa-2446983/1/20