Demak Kudus Jepara Pati Rembang

Day 1,679, 21:26 Published in USA Pakistan by BadMail

▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬ஜ۩۩ஜ▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬▬
Jajah Kutho… Ing Tlatah Muria
Ngrekso Bumine… Sunan lan Pandhito
Napak Tilas… Priyagung Satrio
Nggoleki Wahyu… Lan nggo ngudo roso

Demak Kudus Jepara
Poro penak ojo gawe gelo
Gelo yen ra dho duwe konco
Koncone akeh bareng Genk Kobra

Bablas Rembang Nglewati Pati
Milih dalan mbok sing ati-ati
Klira kliru dadi nggegirisi
Pengen padhang malah dadi mati

Mampir Mesjid Demak, tinggalane Sunan
Sokone ono papat, Gedhe-gedhe tenan
Coba digatekke, sing tliti tenanan
Ono salah siji sing soko cuwilan

Tekan kutho Kudus, trus golek thongkrongan
Jajan neng Simpang Pitu sinambi Rokokan
Kuthone nyenengke, Marakke kelingan
Menarane siji sing dadi panutan

Gunung Gedhe.. Ing Pinggir segara
Dadi pancere wong sak Nuswantoro
Banyune ono telu… Beda-beda rasa
Mbok dirasakke.. ojo mung di coba

Lir –ilir… Lir-ilir Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon, Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno kanggo mbasuh dodot iro

Demak Kudus Jepara
Poro penak ojo gawe gelo
Gelo yen ra dho duwe konco
Koncone akeh bareng Genk Kobra

Bablas Rembang Nglewati Pati
Milih dalan mbok sing ati-ati
Klira kliru dadi nggegirisi
Pengen padhang malah dadi mati

Golek Kir Ukiran coba dolan Jepara
Pantaine Kartini elok pancen nyoto
Awas ojo lali.. mampir golek konco
Kancaku ayu-ayu, omahe neng kono

Golek dalan liya sisan pariwisata
Mlipiri segoro, trus tembuse Juwana
Rada adoh sithik, ning ra opo-opo
Yen durun kesoren trus bacutke neng Blora

Edan edan tenan rasane yen kelegan
Jajan sego gandul, lonthonge tuyuhan
Soto kebone anget, bandenge prestonan
Yen digagas-gagas, koyo wong kelaparan

Memang wis dadi karep, niatku blusukan
Sopo ngerti hasile aku entuk kenalan
Prawan gunung Muria sing ayune wis kondang
Mengko yen aku bali tak jak surat-suratan

Ha’e Ya’e alah Ha’e Ya’e
Ha’e Ya’e mangan iwak kebo
Ha’e Ya’e alah Ha’e Ya’e
Sopo ngerti aku entuk bojo
Ha’e Ya’e alah Ha’e Ya’e
Tambah Pinter opo tambah Bodho

by GENK KOBRA

===================listen here=====================